📝 Post & Cathetan
Kumpulan tulisan, cathetan koding, tutorial, event review, lan uneg-uneg teknologi. Tulisan neng kene tujuane ben gak gampang lali carane ngoding lan sharing ilmu receh.
Sugeng Rawuh neng nebenghub.web.id!
Akhire domain nebenghub.web.id resmi online! 🎉
Sugeng rawuh neng pojok cilik internet iki. Website iki sejatine lair saka obrolan santai pas lagi ngadhepi puluhan repo side-project sing mencar-mencar tanpa omah tetep.
🤔 Kenapa Jenenge “NebengHub”?
Minangka software engineer / tech enthusiast, saben duwe ide anyar biasane gatel kepingin langsung nggawe aplikasi: mini tools, bot Telegram, dashboard monitoring, utawa REST API eksperimental.
Masalahe: tuku domain anyar saben nggawe 1 projek cilik kuwi boros lan ribet ngurus DNS-e.